Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Berkah Kanti Lantaran Tawasul
Jumat, 15 November 2024 | 06:00 WIB
Khutbah I
الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ، أَمَّا بَعْدُ.
عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَآمِنُوا بِرَسُولِهِ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِن رَّحْمَتِهِ وَيَجْعَل لَّكُمْ نُورًا تَمْشُونَ بِهِ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ . لِّئَلَّا يَعْلَمَ أَهْلُ الْكِتَابِ أَلَّا يَقْدِرُونَ عَلَىٰ شَيْءٍ مِّن فَضْلِ اللَّهِ ۙ وَأَنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَن يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ.
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulyo.
Wonten ing kalodhangan punika sumangga kita sami ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilar sedaya laranganipun, awit boten wonten sangu ingkang sae kangge kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, kejawi taqwa kita dhumateng Panjenenganipun.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَآمِنُوا بِرَسُولِهِ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِن رَّحْمَتِهِ وَيَجْعَل لَّكُمْ نُورًا تَمْشُونَ بِهِ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
Artosipun, "He wong-wong kang padha Mu'min (ahli Kitab), sira padha wedia marang Allah Ian padha ngestokna marang UtusaNe. Allah bakal maringi Rahmat marang sira kabeh rong bagean. Sarta maringi pepadhang marang sira kabeh, madhangi satindak-Iakunira, mangkono uga PanjenengaNe paring Pangapura ing sira kabeh, Allah iku rena paring Pangaksama tur Maha Asih.
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulyo.
Tabarruk (utawi kalangan pesantren nyebatipun ngalap berkah) kagungan artos nggayuh berkah, kesaenan, lan kebahagiaan kaliyan media ingkang dipun istimewakan deneng Allah SWT.
Berkah ugi identik kalian energi positif ingkang luar biasa dahsyatipun, ingkang kepancar nalika salah setunggaling tiyang sesambetan kaliyan setunggaling media, tamtu sedoyonipun atas izinipun Allah SWT.
Dawuhipun Allah Subhanahu Wata’ala:
قَالُوٓا۟ أَتَعْجَبِينَ مِنْ أَمْرِ ٱللَّهِ ۖ رَحْمَتُ ٱللَّهِ وَبَرَكَٰتُهُۥ عَلَيْكُمْ أَهْلَ ٱلْبَيْتِ ۚ إِنَّهُۥ حَمِيدٌ مَّجِيدٌ
Artosipun, "Para Utusan mau padha ngandika marang simahe Ibrahim: "Punapa panjenengan gumun dhateng dhawuhing Allah? Rahmating Allah sarta Berkahipun tetep dhateng panjenengan sadaya kulawarga Ibrahim! Sayektosipun Allah punika ingkang Maha Pinuji sarta Maha Mulyo". (QS Huud 11: 73)
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulyo.
Secara harfiah, berkah artosipun bertambah utawi berkembang. Wondenten miturut arti bahasa bahasa berkah mengku makna bertambahipun kesaenan. Dados ngalap berkah utawi tabarruk inggih punika mengharap tambahan kesaenan saking Allah SWT mawi wasilah panggenan, wekdal, makhluk gesang lan malah benda mati.
Wonten pinten-pinten Hadits Nabi ingkang mertelaaken bab tabarruk puniko.
Sepindah inggih puniko tabarruk kaliyan benda ingkang sesambetan kaliyan piantun ingkang mulyo wonten ngarsanipun Allah SWT. Kados Nabi SAW, para sahabat, tabiin, wali, lan alim ulama:
أَنَّ خَالِدَ بن الْوَلِيدِ فَقَدَ قَلَنْسُوَةً لَهُ يَوْمَ الْيَرْمُوكِ ، فَقَالَ : اطْلُبُوهَا فَلَمْ يَجِدُوها ، فَقَالَ : اطْلُبُوهَا ، فَوَجَدُوهَا فَإِذَا هِي قَلَنْسُوَةٌ خَلَقَةٌ ، فَقَالَ خَالِدٌ : اعْتَمَرَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَحَلَقَ رَأْسَهُ ، فَابْتَدَرَ النَّاسُ جَوَانِبَ شَعْرِهِ ، فَسَبَقْتُهُمْ إِلَى نَاصِيَتِهِ فَجَعَلْتُهَا فِي هَذِهِ الْقَلَنْسُوَةِ ، فَلَمْ أَشْهَدْ قِتَالا وَهِيَ مَعِي إِلا رُزِقْتُ النَّصْرَ
Artosipun, "Saestunipun Khalid bin Walid kaicalan kopyah nalika peperangan yarmuk, lajeng panjenanganipun dawuh ayo didolei! Nanging mboten dipunpanggihaken, panjenenganipun nyuwun kagem madosi malih, lan kasunyatanipun dipun panggihi rupinipun kopyah usang, lajeng Khalid ngendika naliko rasulullah SAW umrah, panjenenganipun mencukur rikma mustakanipun, mila tiyang-tiyang rebutan rikma panjenenganipun SAW, lan kula saged pikantuk rikma mbun-mbunan SAW. Lajeng rikma puniko kawulo salap wonten kopyah puniki. Lan kulo Mboten dereaken peperangan kaliyan ngasta kopyah puniki kejawi mesthi kula pinaringan kemenangan“.
Kaping kalih, tabarruk kaliyan tiyang kasebat, kados Nabi SAW, para shahabat, tabiin, wali, lan para alim ulama. Nggih ingkang taksih gesang utawi ingkang sampun wafat.
كانَ رَسولُ اللهِ صَلَّى اللَّهُ عليه وسلَّمَ إذَا صَلَّى الغَدَاةَ جَاءَ خَدَمُ المَدِينَةِ بآنِيَتِهِمْ فِيهَا المَاءُ، فَما يُؤْتَى بإنَاءٍ إلَّا غَمَسَ يَدَهُ فِيهَا، فَرُبَّما جَاؤُوهُ في الغَدَاةِ البَارِدَةِ، فَيَغْمِسُ يَدَهُ فِيهَا
Artosipun, "Naliko Rasulullah SAW wus rampung nglakoni shalat Shubuh, maka para dhuafa Madinah lumadi demateng panjenenganipun kanti ngasto ember kang ono isine banyu. Angger ono ember kang diaturaken Kanjeng Nabi, Panjenenganipun mesti kerso nyelupaken astanipun ing dalem saben saben ember mahu. Terkadang para dhuafa mau sowan Kanjeng Nabi ingdalim wektu isuk kang banget ademe nanging panjenenganipun tetep kerso nyelupaken astanipun ingdalem ember kang ono banyune mahu".
Kaping tiga, tabarruk kaliyan papan utawi benda ingkang dimuliakan dening Allah SWT:
Nabi SAW nyebat toyar zam-zam kanti dawuh:
إِنَّهَا مُبَارَكَةٌ إِنَّهَا طَعَامُ طُعْمٍ
Artosipun, “Saktemene banyu zam zam iku den berkahi, saktemene zam zam iku panganan kang mareki.” (HR. Muslim no. 4520)
Tabarruk sampun dipun tindakaken dening para shahabat lan dipun saruju’i dening Nabi Muhammad SAW, malah praktik tabarruk ugi dipun tindakaken dening umat rumiyin.
Dipun criyosaken naliko Nabi Yusuf AS nitipaken gamisipun dhateng sadherek-sadherekipun supados diusapaken dhateng pasuryanipun Nabi Yakub AS ingkang sampun kaicalan peningal amergi susah pisahan kaliyan Nabi Yusuf. Wal hasil Nabi Yakub peningalipun saget sehat wal afiat.
Syiar-syiar wonten Tanah Haram kados Hajar Aswad, Ka’bah, Maqam Ibrahim, Pasarean Nabi SAW Wonten Madinah, utawi masjid-masjid kuno lan karya-karya ageng tilaran para pewaris Nabi, pasarean poroz Aulia, saha petilasan tiyang-tiyang saleh, malah piyantun saleh ingkang taksih sugeng, sedoyo punika saget dipun alap barokah lan sampun dipun lampahi dening umat Islam wonten sadayaning penjuru donya.
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulyo.
Ngalap barokah punika salah setunggal piwucal agami islam lan sanes bab enggal, amargi generasi salaf sampun paring tulada tradisi kasebat. Wonten saklebeting kitab-kitab Sirah Nabawiyah dipun riwayataken bileh para shahabat sami rebutan toya tetesan wudhunipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Panjenenganipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW mboten nate babar pindah nglarang tindak lampahan puniko. Amergi berkah puniko saestunipun wonten, lan saged dipun-gayuh saking perantara tiyang-tiyang ingkang celak sanget kalih Allah SWT.
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulyo.
Mekaten khutbah ingkang saget kula aturaken mugi kito pinaringan taufiq, hidayah lan inayah supados kalebet kawulanipun Allah ingkang dipun kersaaken pinaringan barokah dunyo ugi akhirat.
بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِالآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ
قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ. أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً. وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ أَمَّا بَعْدُ
فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِيْ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِيْهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
*Ditulis oleh Ustadz Imam Mawardi, Pengajar Madrasah Diniyah Pesantren Mamba'ul Ma'arif Denanyar, Ketua Takmir Masjid Al Hikmah Sengon, Jombang.
Terpopuler
1
Khilafiah Ulama tentang Hukum Pemindahan Pemakaman Jenazah ke Daerah Lain
2
Rapimcab IPNU-IPPNU Jombang, Upaya Perkuat Kolaborasi Tingkat PAC dan PKPT
3
Makna Filosofi di Balik Nama Bulan Rajab
4
Ketua PCNU Jombang Ajak Muslim Manfaatkan Rajab dengan Beragam Amalan, Mulai Istighfar hingga Sedekah
5
Gus Makmun Ploso Kediri Beberkan 3 Kiat Menjadi Santri Sukses
6
KH Zuhrul Anam Hisyam Sebut Haul Ulama Sebagai Pelajaran Berharga
Terkini
Lihat Semua