• logo nu online
Home Warta Ekonomi Daerah Bahtsul Masail Pendidikan Neraca BMTNU Nasional Fiqih Parlemen Khutbah Pemerintahan Keislaman Amaliyah NU Humor Opini BMT NU Video Nyantri Mitra Lainnya Tokoh
Jumat, 26 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Takwa ingdalem Ilmu Falak lan Hisab

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Takwa ingdalem Ilmu Falak lan Hisab
Ilustrasi Khutbah Jumat. (Tribun)
Ilustrasi Khutbah Jumat. (Tribun)

Khutbah I

أُلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، وَبِفَضْلِهِ تَتَنَزَّلُ الْخَيْرَاتُ وَالْبَرَكَاتُ، وَبِتَوْفِيْقِهِ تَتَحَقَّقُ الْمَقَاصِدُ وَالْغَايَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

Ma’asyirol muslimin ra
Sumongo kito tansah ningkatake anggen kito taqwa dateng ngarsanipun Allah SWT, kanti nglampahi sedoyo prentahipun lan nebihi sedoyo awisanipun, ugi ngegungaken tando kekuasaanipun supados pinaringan kawilujengan dunyo ngantos dumugi akhirat.
Dawuhipun Allah wonten Surat Yunus Ayat 5-6

هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاءً وَالْقَمَرَ نُورًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ مَا خَلَقَ اللَّهُ ذَلِكَ إِلا بِالْحَقِّ يُفَصِّلُ الآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ (5) إِنَّ فِي اخْتِلافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالأرْضِ لآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ (6)

Panjenengane Dzat kang nitahake Seregenge dadi padhang lan ugo rembulan, lan Panjenengane kang milih manzilah (papan) kanggo garis edar rembulan mahu supaya siro ngerti pitungan taun lan petungan (wektu). Gusti Allah ora nitahake kang kyo mangkono kajobo kelawan Haq Panjenengane mertelaake pratandha (kehebatane) marang wong sing ngerti. Satemene, bedone  wayah wengi lan rina, lan apa kang dititahake dening Gusti Allah ing langit lang bumi, yekti pancen ana pratandha tumrap wongkang podo taqwa.

Allah Swt. Mertelaaken punopo ingkang sampun tinitah, sedoyo puniko minongko dados pratondo Kasampurnan, Kekuasaan lan  Keagunganipun Allah SWT. Allah ingkang dadosaken serngenge kagungan sinar, lan rembulan kagungan cahaya. Allah ingkang dadosaken serngenge minangkani pepadangipun bumi ing wekdal rino, lan dadosaken rembulan minangkani pepadangipun bumi ing wekdal dalu. Allah ingkang nitahaken garis edar kangge rembulan, ing wiwitanipun ketingal alit nuli tambah ageng ngantos dados bulan purnama, sak lajeng soyo alit soyo alit sahinggo wangsul ingdalem kedadosan awal ing akhir sasi. 

Maasyirol Muslimin Rohimakumullah,
Saklajengipun poro Ulama sami nganggit ilmu falak  supados sedoyo tiang Islam saget nyumerapi wonten pundi arah kiblat ingdalem naliko sholat,  nyumerapi wekdal sholat, nyumerapi surupipun serngenge kangge wekdal buko, nyumerapi posisi hilal kangge nyumerapi awal bulan, grahono, lan lintu-lintunipun. Ing wusono kanti ilmu falak lan ilmu hisab saget nuwuhaken keyakinan ingdalem nglampahi ibadah , sahenggo anggen nglampahi ibadah ugi kanti kahanan khusyu’.

Kanti puniko Rasulullah SAW dawuh:

عَنْ اِبْنِ أَبِي أَوْفَى قَالَ : قاَلَ رَسُوْلُ اللهِ - صلى الله عليه وآله وسلم  إِنَّ خِيَارَ عِبَادِ اللهِ الَّذِيْنَ يُرَاعُوْنَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنًّجُوْمَ وَالْأَظِلَّةَ لِذِكْرِ اللهِ 

“Saktemene pilihane piro-piro kawulane Allah yoiku wong-wong kang merhatosaken obahe serngenge, rembulan lan lintang-lintang lan iyup-iyupan  kerono kanggo ileng marang Allah” (HR.At-Tabrani).

Ali bin Abi Thalib dawuh:

مَنْ اِقْتَبَسَ عِلْمًا مِنَ النُّجُوْمِ مِنْ حَمَلَةِ الْقُرْانِ اِزْدَادَ بِهِ اِيْمَانًا وَيَقِيْنًا

“Barangsiapa mempelajari ilmu pengetahuan tentang bintang-bintang (benda-benda langit), sedangkan ia dari orang yang sudah memahami Al-Qur’an niscaya bertambahlah iman dan keyakinannya”.

Wonten setunggal hadits sahih ingkang dipun riwayataken abu Hurairoh Rosulullah SAW dawuh :

صُوْمُوا لِرُؤْيَتِهِ وأَفْطِرُوا لِرُؤْيَتِهِ، فإنْ غُبِّيَ علَيْكُم فأكْمِلُوا عِدَّةَ شَعْبَانَ ثَلَاثِينَ.

"Posoho siro kabeh kerono ningali bulan, lan bukoho kerona ningali bulan bulan, lamun disamarke tumrap siro kabeh mongko sempurnakno itungan wulan Sya'ban 30 dino. 

Saking puniko posisi hadits ugi dados  dasar ingkang dipun dadosaken  rujukan Jumhur Ulama kangge netapkan awal sasi boten kejawi sasi Ramadhan utawi sasi Syawwal kanti metode Rukyah. Kejawi saking puniko saklintunipun rukyah para ahli hisab ugi mundut hadits minongko kangge dalil metode hisab ingkang sepakati, inggih puniko hadis sangking Ibnu Umar RA Rosullah dawuh:

 عَنِ ابْنِ عُمَرَ اَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ صُوْمُوْا لِرُؤْيَتِهِ وَاَفْطِرُوْا لِرُؤْيَتِهِ فَاِنْ غُمَّ عَلَيْكُمْ فَاقْدُرُوْا لَهُ 

”Posoho siro kabeh kerono ningali bulan, lan bukoho kerona ningali bulan bulan”, lamuno rembulan katutup ingatase siro, maka kira-kirakno. 

Maasyirol Muslimin Rohimakumullah,
Sangking kekaleh hadis meniko sampun pertelo bilih ingdalem nentoaken awal bulan husus ipun romadlon, syawwal , dzul Hijjah kedah dipun dasari kaleh mersani hilal ingkang berkualitas. Artosipun mersani hilal ingkang dipun dasari kaleh teori perhitungan ingkang leres. 

Perlu dipun mangertosi bilih Hisab meniko salah setunggalipun perkawis ingkang boten saget dipun tinggalaken, keranten kagem ngasilaken rukyatul hilal ingkang dipun akui, kedah nyeceki kaleh perhitungan hisab ingkang berkualitas. 

Gegayutan kaleh penentuan Awal Syawwal 1442 kanti mersani hasil itungan Pengurus Cabang Lembaga Falakiyah NU Jombang dipun prediksi tanggal 1 Syawwal 1442 dumawah ing dinten kamis wage tanggal 13 Mei 2021,keranten ijtimaipun ( kempalipun bulan lan serngenge wonten setunggal bujur astronomi) kedadosan wonten ing dinten rabu pon tanggal 12 Mei 2021 M jam 2:02 wib sahinggo hilal tanggal 29 Romadlon 1442 dipun pasteaken boten saget dipun tingali,keranten taksih wonten ing ngandap ipun ufuk -4⁰. 

Mekaten khutbah ingkang saget kulo aturaken, mugi-mugi kito tansah pinaringan hidayah supados saget pinaringan sifat taqwa ingkang sampurno, sahenggo ing tembe pikantuk kawilujengan donyo dumugi akherat. 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

 

Penulis:
Imam Mawardi, Bendahara Sarbumusi Jombang
Moh Mujayun, Ketua LFNU Jombang

 


Editor:

Khutbah Terbaru