• logo nu online
Home Warta Ekonomi Daerah Bahtsul Masail Pendidikan Neraca BMTNU Nasional Fiqih Parlemen Khutbah Pemerintahan Keislaman Amaliyah NU Humor Opini BMT NU Video Nyantri Mitra Lainnya Tokoh
Selasa, 19 Maret 2024

Khutbah

Khutbah Hari Raya: Mangertosi Maleh Sejatinipun Idul Fitri

Khutbah Hari Raya: Mangertosi Maleh Sejatinipun Idul Fitri

Khutbah I

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

 قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ شَهْرُ رَمَضانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّناتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقانِ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضاً أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ يُرِيدُ اللَّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah.

Nalikane mirengaken Idul Fitri, tentu ingkang wonten dateng pikiran kito sedanten inggih meniko raos bungah tur seneng.

Riyaden Idul Fitri ditengeri kalayan istilah ”mudik”. Kajaba niku, Idul Fitri ugi asring ditandhani kalayan ingkang enggal, wiwit nganggo sandhangan enggal, sepatu enggal, sepeda motor enggal, mobil enggal lan sak lintu-lintunipun. Maklum mawon, muteripun yotro paling ageng inggih wonten dinten riyaden idul fitri. Nek sampun mekaten, sejatosipun ingkang dipun arani riyaden idul fitri niku nopo?

Idul Fitri, inggih meniko riyaden ingkang dipun rayaaken sak mantunipun umat Islam siyam sak lebete sasi Ramadhan. Dipun arani Idul Fitri amargi menungso sami ugi kados dining bayi ingkang nembih lahir saking gua garbaning ibu tanpo nggadah salah lan duso. 

Sederek sedanten ingkang dimulyaaken Gusti Allah. Idul Fitri ugi diartosaken kalayan bangsul meleh dateng fitrah menungso. Artosipun, milai dinten meniko lan sak mantunipun, semesthine kito sedanten bangsul maleh dateng fitroh kito bilih nyekseni namung Gusti Allah inggih meniko sesembahan kito sedanten. Kados wonten al-Qur’an surah al-A'raf (7) ayat 172 :

وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِنْ بَنِي ءَادَمَ مِنْ ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَى أَنْفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ قَالُوا بَلَى شَهِدْنَا أَنْ تَقُولُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ إِنَّا كُنَّا عَنْ هَذَا غَافِلِينَ

(Lan (ilingo), nalikane Pengeranmu ngetokno anak turune Adam saking sulbi mereka tur Gusti Allah njupuk kesaksen marang jiwa mereka (kalihan dawuh): "opoto Ingsun iki Pengeran Sesembahanmu?" Mereka mangsuli: "Inggih leres (Panjenengan Pengeran Sesembahan kito), kito sedanten nyekseni". (awak dewe nglakoni seng koyo ngene iki) supoyo jange pas dino kiamat awakmu ora ngucap: "Saktemene kawulo (bani Adam) inggih meniko tiyang-tiyang ingkah lengah dateng meniko (keesaan Gusti Pengeran)").

Sederek sedanten ingkang dimulyaaken Gusti Allah. seiring nglampahi gesang niki kito sedanten sering ngelalekaken Gusti Allah tur ngelampahi salah lan duso dateng Gusti Allah lan kalayan menungso. Mangertosi artosipun Idul Fitri (balek dateng fitrah) kaleh mbangun maleh pengabdian sesembahan namung dateng Gusti Allah inggih sampun dados kewajiban, sehinggo kito sedanten saget dados kawulo-kawulo muttaqin lan kawulo ingkang mboten nggadah duso dateng Gusti Allah. Duso dateng Gusti Allah saget dipun busek kalayan tobat. Duso dateng menungso saget dipun busek kalayan silaturahim unnjung-unjung.

Ingkang dipun arani duso inggih meniko catetan keawonan mungguhe Gusti Allah ingkang dilampahi kalayan menungso kerono mboten nglampahi perintah utawi kerono menungso ngelampahi nopo ingkang sampun dilarang kaleh Gusti Allah lan Rasulipun. 

Sasi Ramadhan inggih meniko sasi ingkang spesial dipun khususaken Gusti Allah kanggeh tiyang-tiyang Islam. Ing sasi meniko wonten maghfirah, rahmah tur itqun minan nar. Sasi Ramadhan ugi dados sarana menungso kanggeh nedi pangapunten saking Gusti Allah kalayan ngelaksanaaken ngibadah siyam lan tarawih. Kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW :

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, bilih kanjeng Rasulullah Saw nate dawuh: Sinten mawon ingkang ngelampahi siyam wonten sasi Ramadhan kalihan percados lan ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah bakal disepuro duso-dusone seng kepungkur).

Gusti Allah nggeh ndadosaken Qiyam Ramadhan (Tarawih) sarana mbusek duso koyo dinih dawuge Kanjeng Nabi Muhammad Saw.: 

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُرَغِّبُ فِي قِيَامِ رَمَضَانَ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَأْمُرَهُمْ بِعَزِيمَةٍ ثُمَّ يَقُولُ مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ 

(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, bilih kanjeng Rasulullah Saw. Ngelampahi Qiyam Ramadhan (Tarawih) senajan mboten majibaken. Terus Kanjeng Rasul dawuh: ”Sinten mawon ingkang ngelampahi Qiyam ramadhan (tarawih) kerono iman dateng Gusti Allah tur ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah, bakal disepuro duso-dusone seng kepungkur”.

Sederek sedanten ingkang dipun Rahmati Gusti Allah. Kaliyan sregep lan tekun ngelampahi siyam lan shalat tarawih kaleh ati ingkang tulus ngarep-ngarep ridho lan ganjaran saking Gusti Allah, niscaya duso lan kesalahan kito sedanten dateng Gusti Allah bakal disepuro kejobo duso syirik.

Sakmantune duso kito dipangapuro kalayan Gusti Allah, kewabijiban kito sedanten inggih meniko mbersihaken duso ingkang wonten sangkut paute kalehan menungso. Idul Fitri utawi bangsul dateng fitrah bakal sampurno nalikane sampun dipun pangapuro kalehan Gusti Allah lan menungso. Dipun busek duso kito dateng menungso lintu kalayan nedi sepuro lan ngapuro marang tiyang lintu. 

Nah, kalayan momentum Idul Fitri meniko monggo kito dadosaken sarana nedi sepuro lan ngapuro dateng tiyang lintu kaleh jalaran silaturrahim (nyambung seduluran, nyambung welas asih) dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi, rencang lan lintu-lintunipun. Sebab amergi welas asih meniko lawanipun benci, mangkel, sehinggo tiyang ingkang wonten manahipun roso benci mangkel dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi, rencang saget diarani tiyang ingkang mutus welas asih (Qathiur Rahim). Padahal tiyang ingkang mutus welas asih niku mboten saget mlebet suwarginipun Gusti Allah, koyo deneh dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw :

عَنْ ابْنِ شِهَابٍ أَنَّ مُحَمَّدَ بْنَ جُبَيْرِ بْنِ مُطْعِمٍ قَالَ إِنَّ جُبَيْرَ بْنَ مُطْعِمٍ أَخْبَرَهُ أَنَّهُ سَمِعَ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ

(Saking Ibn Syihab bilih Muhammad bin Jubair bin Muth'im nateh ngendikan, bilih tiyange nate mireng Kanjeng Nabi Muhammad Saw., dawuh: “Tiyang ingkang mutus welas asih mboten bakal melebet suwargi”.

Lan dipun jelasaken maleh: 
لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ

“Mboten halal kanggeh tiyang muslim untuk mboikot (mboten nyopo) sedulure langkung saking 3 dinten.” (HR. Bukhari).

Sederek sedanten ingkang dipun Rahmati Gusti Allah. Ternyata wonten alasan kinging nopo tiyang ingkang mutus silaturahim kok mboten saget melebet suwargi, inggih meniko dawuhipun Kanjeng Nabi Saw.: 

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ سَمِعْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ إِنَّ أَعْمَالَ بَنِي آدَمَ تُعْرَضُ كُلَّ خَمِيسٍ لَيْلَةَ الْجُمُعَةِ فَلاَ يُقْبَلُ عَمَلُ قَاطِعِ رَحِمٍ

(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, ingsun nate mireng bilih Kanjeng Rasulullah Saw.,  nate dawuh:

“Saktemene amal ibadahe anak turune Nabi Adam (menungso) dilaporaken saben dinten Kemis malem Jumat. Mongko mboten dipun terami amal ibadahipun tiyang ingkang mutus welas asih”.

Ugi dipun kuataken kalayan hadis Nabi Muhammad Saw.:

تُفْتَحُ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَ الْإِثْنَيْنِ، وَيَوْمَ الْخَمِيسِ، فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ لَا يُشْرِكُ بِاللهِ شَيْئًا، إِلَّا رَجُلًا كَانَتْ بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيهِ شَحْنَاءُ، فَيُقَالُ: أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا

“Lawang-lawang suwargi dipun buka saben dinten Senin kalehan Kemis. Terus dipangapuro sedanten kawulo ingkang mboten nyekutuaken Gusti Allah kalehan nopo mawon. Kejobotiyang ingkang nggadah musuhan kalehan sederek e. Dipun aturi, Tunda en amal ibadah e tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur... Tunda en amal ibadah e tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur... Tunda en amal ibadah e tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur...” (HR. Imam Malik)

Langkung meniku, kito sedanten kedah dados tiyang ingkang nggadahi sifat pangapuro, yoiku iso ngapuro tiyang lintu sakderenge tiyang wau nedi ngapuro dateng kito. Koyo deneg Surah Ali-Imran (3) ayat 134 :

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ 

(penghuni suwargi yoiku) tiyang-tiyang ingkang nafkah akehn (bondo-dunyo), pas lagi penak utowi pas lagi mboten penak, lan tiyang-tiyang ingkang saget nahan moreng-moreng lan tiyang ingkang saget ngapuro (salahe) wong. Lan Gusti Allah demen marang tiyang-tiyang ingkang nglampahi kesahenan. 

Amergi niku, mumpung taseh wonten raos bungah dinten meniko, monggo kito dadosaken damel silaturahim, nedi sepuro lan sungkem dateng tiyang sepah, halal bi halal sambang sinambang dateng sederek, tetanggi lan rencang-rencang. Monggo kito ilangi raos dendam, su’udzon, hasud, dengki, lan takabbur. 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَذِكْرِ اْلحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah II
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ ، كبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. فَيَاعِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ اْلعَظِيْمِ "إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا". اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَأًصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. وَعَلَيْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِماَتِ, وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ وضعف لهم الحسنات وكفر عنهم السيئات وارزقهم من الأرزاق الطيبات. اللهم اكشف عنا البلاء والغلاء والوباء والفخشاء والمنكر والبغي والشدا ئد والمحن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا إندونشي هذا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة إنك على كل شئ قدير. إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِاْلحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ اْلفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا أَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَإِلَيْكَ أَنَبْنَا وَإِلَيْكَ الْمَصِيرُ. رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَتَوَفَّنَا مُسْلِمِينَ. عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ. اللَّهُمَّ انْفَعْنا بِمَا عَلَّمْتَنا وَعَلِّمْنا مَا يَنْفَعُنا وَزِدْنا عِلْمًا الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى كُلِّ حَالٍ ونعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ حَالِ أَهْلِ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهىَ عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Oleh: Dr. Moh. Makmun, M.HI, Ketua Lembaga Takmir Masjid Nahdlatul Ulama (LTMNU) Jombang


Editor:

Khutbah Terbaru